Legenda Daerah Asal Usul Kaliwungu
Asal Usul Kecamatan Kaliwungu Alkisah, Sunan Katong setunggaling tiyang ulami gadhah elmi inggil, bijaksana lan disegani dipun-utus dening para wali sanga kangge ngemutaken Empu Pakuwaja ingkang wiwit menyimpang saking wucalan agami islam. Empu Pakuwaja piyambak inggih punika setunggaling tiyang patinggi Krajan Majapahit ingkang duwe watak teguh lan atos. Piyambakipun nggadhahi kalih putri naminipun surati lan raminten. Sesampainipun ing papan tujuwan Sunan Katong sareng tiga santri ingkang menemaninipun inggih punika Wali Jaka, Ki Tekuk Penjalin lan Kyai Gambyang ndirikaken setunggaling padhepokan ing tepi Kali Sarean. Setunggaling dinten Sunan Katong manggihi Empu Pakuwaja kangge nyuwun wangsul ing wucalan islam ingkang leres, nanging empu pakuwaja nolak ajakan piyambakipun lan ngajak tanding . Sunan Katong midhereki panedha Empu Pakuwaja, ngantos kedados lah pertarungan ingkang ndamel empu pakuwaja terluka. ...